BERANDA

Selasa, 20 September 2011

Diajeng PALUPI ...



Diajeng PALUPI seng ayu dewe
Sak ndonyo ora enek tunggale
Manis esemmu ora biso dilalekne
Agawe kangen marang sopo wae


Diajeng PALUPI putrine Pak Carek
Senengane ngawe klambi batek
Sopo wae dadi kepengen nglirek
Podo nguber tresnamu nganti jungker walek

Kok sliramu malah ninggalake deso
Jare arep kerjo neng negoro cino
Golek rejeki kanggo pangupo jiwo
Pengen ngrubah nasip seng iseh soro


Diajeng PALUPI saiki wes bali
Pasuryanne samsoyo ngegirisi
Klambi batek diganti klambi seksi
Wes koyo artis luar negeri

Rambot disemer abang mbranang
Agawe ngiler kabeng wong lanang
Opo maneh bodymu koyo nantang
Koyo ngajak duel utowo perang
Bebasan arep mencolot isine tali kotang

Ohhhh...Diajeng PALUPI
Sliramu soyo suwe tambah ngegirisi
Katok lan rokmu saben dino mini
Yen disawang katon metotok gedi

Ohhhh ... diajeng PALUPI
Sliramu maleh wes katon nglali
Karo aku seng setyo tuhu ngenteni

Ohhh ... Diajeng PALUPI
Bareng wes muleh soko luar negeri8
Sliramu saiki wes ora iso ngerti
Tersno setyo tuhuku jebol diapusi


   by zhoel kecu
Share |

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pembaca yang baik selalu meninggalkan Komentar..